Thursday, March 5, 2009

MUMET ALIAS PUSING

Judule postingan iki ngujo tak gawe koyo kuwi soale enyong pancen lagi mumet alias pusing. Tak pikir-pikir dari pada enyong mumet dewekan mendingan tak postingke nang kene barng ono sing moco beneran barang ora ono sing moco ora po-po.
Sing ndadekno enyong mumet ngene, pirang-pirang taun dari guru lan pirang-[pirang taun dadi kepala sekolah tembe kiye pikirane enyong rumadan mumet nemen soale barang pemerentah ngangkati bocah-bocah pengabdian podo dadi guru wong-wong podo mikir jebule dadi guru kuwi gampang pokoke ngabdi dadi guru wiyata bakti embuh kuwi ijazane opo pokoe ngabdi lan dong ono pengangkatan sing ijazane opo bae mau podo diangkat didadeake PNS. Enyong dadine ora ngarti piye mengkone kualitas pendidikan nang Indonesia khususon nang daerahe enyong kuwi.
Lha taun kiye rupane akeh bocah lulusan SLTA podo rayahan pingin sekolah nang sekolahan tingkat sarjana S1 nang Universitas Terbuka ( UT ),Syarate melu sekolah mau kudu ngabdi dadi guru pengabdian,aktif mengajar tapi sing ndadeke mumete enyong bocah-bocah mau podo teka nang sekolahan sekolahan termasuke sekolahan sing enyong pimpin njaluk surat pengabdian tapi ngomonge surat keterangan praktek mengajar lan bocah-bocah mau wis oleh rekomendasi kadi wong-wong sing kuoso, lha enyong piye maning pan enyong tolak sing titip wong nduwuran, dong enyong ngomong karo sing nitipke jare mung latihan praktek tapi dong surat-surat sing dijaluk kok monine surat Aktif mengajar padahal bocah mau durung tau mulang……..piye jal.
Kayane sing mumet koyo enyong dudu enyong dewe tapi akeh kepala sekolah sing koyo enyong, lha yen kaya kiye piye, yen ono opo-opo sopo sing disalahke yo mestine enyong-enyong podo sing nampani bocah-bocah mau. Lha bocah-bocah mau enggane dadi guru mutune piye kiro-kiro……..mikir-mikir men uteke dadi cerdas, men bangsa ini ngesuke podo cerdas……………wes semono bae enyong tak ngombe bodrex men mumete mari li bar kuwi enyong tak nggleleng men boyoke sing pegel mari.
Posted by pakmardi-ks ujunggede at 09:36:30
Comments

2 Responses to “MUMET ALIAS PUSING”

  1. Your blog is impressive,it is always in my mind after i read it.

  2. thanks for sharing!

Leave a Reply